anda pembaca ke....

berita favorit

Sabtu, 03 Januari 2015

Contoh Pranatacara



Pengetan Dinten Maulid Nabi Muhammad SAW

Assalamualaikum wr.wb

Dhumateng bapak lurah, Bapak Sarjono ingkang satuhu kinabekten. Dhumateng Bapak Ustad Ahfash Tontowi ingkang pantes sinudarsana. Bapak bapak saha ibu ibu ingkang kinurmatan. Saha para rawuh ingkang kula kurmati.
Sumangga sesarengan kula lan panjenengan sedaya ngaturakan puji lan syukur dhateng ngarsanipu Allah SWT, awit kula lan panjenengan sedaya taksih kaparingan rahmat saha kasarasan. Satemah kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing masjid AL-Hidayah menika.
Sakderengipun acara kawiwitan, kula minangka pranatacara ing pengetan maulid nabi muhammad SAW ing siyang menika, keparenga ngaturaken reronceng adicara pengaosan menika.
1.        Pambuka
2.        Pambagya harja saking pamitia pengetan
3.        Pengaosan inti
4.        Panutup
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten reroncenging adicara ingkang badhe dipun lampahi. Saklejengipun sumangga adicara enggal kawiwitan kanthi maos Basmallah kula dherekaken.... Bismillahirohmanirohim. Mugi kanthi waosan Basmallah kala wau saged dados lancaripun adicara ing siyang menika.
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika pambagya harja saking panitia pengetan. Dhumateng Ibu Novia Dwi Astuti kasuwun pangandhikaninpun, sumangga......
Matur nuwun dhumateng Ibu Novia Dwi Astuti ingkang sampun kersa paring pangandikanipun,
Ngancik adicara inti inggih menika pengaosan. Dhumateng Ustad Ahfash Tontowi kasuwun fatwanipun. Wekdal katuraken sak cekapipun, sumangga......
Matur nuwun dhumateng ustad Ahfash Tontowi. Mugi menapa ingkang sampun kandharakaken deneng panjenenganipun ustad Ahfash Tontowi saged migunani tumrap kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan, adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Anananging sak derengipun dipunpungkasi, kula minangka pranatacara nyuwun agunging pangapunten mbok bilih kula matur kathah kalepatan saha kekiranganipun. Sumangga adicara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi waosan hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirobilalamin.

Wabilahitaufiq wal hidayah
Wassalamualaikum wr.wb



NAMA                        : ANI MUTHOHAROH
KELAS                       : XI IPA 1
NO                              : 08

Tidak ada komentar:

Posting Komentar